Terimakasih sudah berkunjung ke blog saya, jangan lupa untuk meninggalkan jejak ya dengan memberi comment pada postingan saya.

Latihan USBN Bahasa Jawa Part #1


Pilihan jawaban seng paling bener !
1
Guru lagu iku tibaning swara ing  saben...

A
Wiwitane gatra

B
Purwaning gatra

C
Tengahing gatra

D
Madyaning gatra

E
Pungkasaning gatra
2
Sing dadi etungan ana ing guru wilangan yaiku cacahing ...

A
Aksara

B
Wanda

C
Tembung

D
Ukara

E
Wacana
3
Tembung Pangkur paling mathuk kanggo...

A
Medhar pitutur

B
Medhar sungkawa

C
Gandrung

D
Medhar prihatin

E
Parijatha
4
Tenger utawa tadha kanggo mbedakake endhek dhuwure swara manut larasing  gamelan , iku diarani...

A
Titi laras

B
Cakepan

C
Laras madya

D
Santi swara

E
Klenengan
5
Amanat sajroning carita iku kalebu baku banget.Amanat  yaiku...

A
Piweling saka pagripta kang ana sajroning cerita katujokake marang para pamiyarsa.utawa marang pamaca carita

B
Tandha –tandha utawa sifat sing diduweni dening saben paraga sajroning cerita.

C
Urutan-urutankedadeyan sajroning cerita kasebut wiwitan nganti pungkasan

D
Kabar sing kudu  ditutugake marang wong kang katuju.

E
Tandang –tandhuk  sing  ora prayoga
6
Urut- urutane kedadeyan sajroning ceritakasebut wiwitan nganti pungkasan diarani...

A
Tema

B
Setting

C
Plot/Alur

D
Amanat

E
Pamawas.
7
Bocah sing sregep lan tlatenngopeni barang darbeke ...

A
Gemi

B
Nastiti

C
Taberi

D
Ngati  ati

E
Srei
8
Pawarta kang ditujokake kanggo umum, kang surasane menehi pangreten tumrap sawijining prastawa diarani ….

A
Layang

B
Wara-wara

C
Majalah

D
Selebaran

E
Sedhahan
9
Wara-wara kang surasane bela sungkawa diarani ….  

A
Brosur

B
Majalah

C
Lelayu

D
Iklan

E
Sayembara
10
Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang utawa papan diarani ….

A
Brosur

B
Majalah

C
Lelayu

D
Iklan

E
Sayembara
11
Dalan  iku ditutup jalaran wis akeh sing nandhang kacilakan amarga 0ra ngerti yen menggok banget pratelan iku ana sambung rapete karo...

A
Papan.

B
Kedadehan anyar.

C
Kasmaran

D
Derdah

E
Akibat
12
Pejabat iku kadakwa nindhakake korupsi sawise kadenangan nduweni  rekening gendhut  tegese…….

A
Rekening sing diduweni deningwong gendhut .

B
Rekening sing cacahe dhuweni akeh banget dinugaasil korupsi.

C
Rekening sing diduweni

D
Rekening sing cacahe dhuwite akeh banget nanging prasaja wae

E
Rekening sing cacahe akeh banget amarga oleh hadiah.
13
Jaman saiki yen ora ngati ati bakal kwirangan dhewe , jalaranakeh wong sing seneng omong esuk dhele sore tempe. Maksude yaiku...

A
Omongan bener.

B
Omongane bisa dipercaya

C
Omongane apa anane

D
Omongane ora bisa diugemi

E
Omongane bisa diugemi.
14
Ing ngisor iki pratelan sing migunakake krama inggil...

A
Mbah lungguh ing kursi goyang

B
Eyang lenggah neng kursi goyang.

C
Enyang kakung pinarak wonten ing kursi goyang

D
Mbah pinarak  ing kursi goyang

E
Mbah  lenggah ing kursi goyang
15
Bu Dwi Uji Wlagi wae budhal menyang pasar.pratelan sing migunakake krama inggil sing bener yaiku....

A
Bu Dwi Uji W lagi ke mawon budhal teng pasar

B
Bu Dwi Uji W nembe budhal menyang  pasar

C
Bu Dwi Uji W nembe budhal  peken

D
Bu Dwi Uji W nembe kemawon  tindhak dhateng peken.

E
Bu Dwi Uji W lagi budhal kemawon  teng peken.
16
Wacana
Lingkungan  Resik, Uripe Sehat
Lingkunga resik urip sehat duweni teges lingkungan sing adoh saka lingkunga resik kondisi kang nyebabake lelara .lingkungan sing resik bisa dadekake urip sehat . Tegese saka lingkungan resik urip sehat. Yaiku urip lingkungan sing kita panggoni duweni kesan becik kanggo sesawungan lan menehi sehat.
Lingkunga sing kita panggone bisa dukung lan nduweni pengaruh tumprap panguripan manungsa dhewe .yen lingkungan kita , wargane duweni pakulinan urip sehat  urip sehat , mesthine iki bakal nuwuhake  kesan luwih becik tumprap pribadi lan masarakat . Ananging suwalike yen kita manggon  ing warga kang duweni pakulinan kemproh lan seneng omben omben bab  iki bisa bakalduweni pengaruh spikis lan mental kita.. Kahanan iki bisa diselaki yen wis  mbangun bale wisma  amarga lingkungan kaya mau bisa duweni pengaruh tumprap sesrawungan putra- putri kita.

Kena apa lingkungan sing kudu resik ?

A
Amarga panggonan sehat kudu bisa dukung panguripane manungsa.

B
Amarga saka lingkungan resik bisa dadekake urip sehat.

C
Amarga wargane duweni kebiasaan becik.

D
Amarga kahanan iki bisa nuwuhake sesawangan kang asri.

E
Amarga wargane supaya ora kemroh.
17
Kepriye carane wujudake  lingkungan omah supaya resik?.

A
Mbuwang sampah ing panggonan.

B
Njaga ing lingkungan tetep teles lan garing.

C
Tansah reresik omah, mbuwang sampahing panggonan kang wis disiapake .

D
Sampah dijarake numpuk lan kebak ing panggonane.

E
Sampah nuwuhake ganda kang kurang enak lan diparani laler utawa coro.
18
Ukara kang nuduhake sifat ora resikan yaiku ...

A
Lingkungan sing kita panggoni bisa dhukung lan duweni pengaruh tumrap panguripane manungsa dhewe.

B
Warganen nduweni pakulinan urip sehat , mesthine iku bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat.

C
Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkunga kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrap sesrawunga putra –putri kita.

D
Lingkungan resik urip sehat nduweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang lelara .lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat.

E
Kita manggon ing warga kang nduweni pakulinan kemroh lan seneng omben-omben bab iki bakal nduweni pengaruh spikis lan mental kita.
19
Panulise artikel manawa kaudal manut strukture yaiku...

A
Isi, masalah ,dudutan.

B
Dudutan, isi, lan masalah.

C
Pambuka, dudutan, lan masalah.

D
Pambuka, isi, lan dudutan.

E
Pambuka , isi ,lan masalah.
20
Cacahe tembang saben pupuh diarani...

A
Pupuh

B
Pada

C
Purwakanthi

D
Wancahan

E
Sengkalan
21
Rerangken tembang kang ucul saka paugeran yaiku...

A
Baliswara

B
Swarabali

C
Naraeswara

D
Plutan

E
Wancahan
22
Ing ngisor iki kang ora kelebu jenise tembang jawa yaiku...

A
Geguritan

B
Macapat

C
Kakawin

D
Kidung

E
Balada
23
1.   Balabak                     2. Swandana
3.   Wirangrong               4.Pocung
5.   Sinom                        6. Asmaradana
7.   Pangkur                     8.Megatruh
9.   Durma                        10.Mijil
11. Maskumambang
Sing ora kalebu tembang macapat mapan ana ing nomer….

A
1, 2, 3

B
2, 4, 6

C
3, 5, 7

D
5, 7, 9

E
8, 10, 11
24
Unsur pembentuk crita wayang kang paling dhasar yaiku………..

A
Judhul

B
Diksi

C
Penokohan

D
Alur

E
Tema
25
Teks cerita wayang seng digelar sajrone pentas pewayangan bisa dadi sarana pasinaon basa,jalaran……….

A
Antawacanane dhalang bisa kaprungu endhek-dhuwure deneng poro siswa sajroning sing sinau basa jawa

B
Nyinau nyimak basa jawa

C
Undha – usuke basa kang diandharake para paraga sajrone wayang ,bisa didadekake tuladha panggunaning basa kang laras karo unggah ugguhing basa

D
Paraga dhalang nalika  ngurep-urep wayange,bisa sinambi mulang basa jawa

E
Basaning teks carita wayang bisane laras karo basa sing digunaake para siswa saben dinane
26
……….Bareng bungkus mau pecah, mijil satriya gagah prakosa, satriya mau wis genep nganggo busana ksatriyankang jumbuh karo sarirane gedhe dhuwur Penthilan crita wayang ing dhuwur diarani...crita.

A
Penokohan

B
Judhul

C
Amanat

D
Alur

E
Setting
27
Wacan kanggo pitakon angka 26 lan 30!
Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserata ing serat sedhahan saha sampun kaaturaken sedherek cundhaka ingkang sowan wonten ngarsa panjenengan, boten wonten awonipun manawi kula aturaken malih.
Menggah gatining sedya Bapak/Ibu Sukistiyarno anetepi wajibing asepuh amiwaha putra, ngetas pitulus kenya putranipun angka setunggal ingkang sesilih gendhuk Siti Rohani, kapalakramakaken kaliyan Bagus Listiyono, putra kakungipun Bapak/ Ibu Sugiyarto ingkang pidalem wonten ing Dhusun Mojosari, Kecamatan Puger, Kabupaten Jember.
Sampun kalampahan ijab kabul manut pranataning agami lan negeri ing dinten Jumat Kliwon , surya kaping 12 Maret 2018, tabuh 08.00 WIB wonten ing Mesjid Khusnul Khatimah, Leyangan, Kecamatan Unggaran Yimur, Kabupaten Semarang, kanthi winantu wilujeng, kalis ing rubeda.
Ingkang punika panjenengan kasuwun rawuh wonten ing papan punika saperlu kasuwun tambahing donga pangestu dhumateng temanten kekalih. Mugi-mugi angganipun lelumban wonten ing bebrayan agung tansah atut runtut, guyub rukun, ayem tentrem, manggih bagya mulya kang sinedya, rahayu ingkang tinemu, manggiha basuki ingkang kaesthi, supados enggal kaparingan momongan jumbuh kaliyan peparingipun Gusti Allah jaler setri datan ngarani.
Sing kagungan kersa mantu ana ing pethikan kasebut yaiku….

A
Bapak Sukistiyarno

B
Siti Rohani

C
Bapak Listiyono

D
Bapak Sugiyarto

E
Bapak Sukra Kasih
28
Sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha sampun kaaturake cundhaka. Tembung punika ingkang gadhah teges utusan inggih punika….

A
Sinaosa

B
Kaserat

C
Sedhahan

D
Saha

E
Cundhaka
29
Ingkang bebesanan wonten ing pethikan kasebat inggih punika….

A
Siti Rohani lan Listiyono

B
Listiyono lan Sugiyarto

C
Sukistiyarno lan Listiyono

D
Sukistiyarno lan Sugiyarto

E
Sukistiyarno lan Siti Rohani
30
Miturut andharan kasebat anggenipun ijab kobul nyarengi dinten….

A
Selasa Kliwon

B
Jumat Kliwon

C
Rebo Wage

D
Kemis Paing

E
Setu Legi
31
Anggenipun atur andharan ndongakaken temanten kekalih mugi enggal kaparingan putra dening Gusti Allah….

A
jaler rumiyin nembe estri

B
estri rumiyen nember jaler

C
jaler kemawon

D
estri kemawon

E
boten ngarani jaler estri
32
Wong kang wis trampil lan prigel anggone pidhato biasane nggunakake metodhe.....

A
Naskah

B
Apalan

C
Impromtu

D
Ekstemporan

E
Maca
33
Kawilujengan karahayon awit saking Nugrahaning Gusti Ingkang Mahakuwaos  mugi hamemayungana panjenengan sedaya lan kula. Pratelan ing dhuwur iku kalebu perangane pranatacara  ing …………

A
Pambuka

B
Salam pambuka

C
Wose

D
Panutup

E
Purwaka
34
Pidhato kang carane kanthi gawe cathetan cilik minangka pangeling –eling urutaning kang arep kawedharake utawa diomongake nggunakake metodhe……………

A
Apalan

B
Naskah

C
Teks

D
Impromtu

E
Ekstemporan
35
Tembung rangkep/kata ulang ana ing basa jawa ana telu yaiku….

A
dwi purwa, dwi lingga, lan dwiwasana

B
dwi warna, dwilingga, dwi darma

C
dwi purwa, dwi warna, dwi darma

D
dwiwasana, dwi darma, dwiwarna

E
dwi purwa, dwi lingga, lan dwiwarna
36
Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Kang duwe teges padha digdayane yaiku …

A
ha na ca ra ka

B
da ta sa wa la

C
pa dha ja ya nya

D
ma ga ba  tha nga

E
nga tha ba ga ma
37
Dene Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik.  Dora lan Sambada diweling ora oleh lunga saka kono. Saliyane iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi ngreksa, ora oleh dielungake marang sapa-sapa. Aji Saka banjur tindak karo abdine loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing Negara …..

A
Tanah Majethi

B
Mendhang Kamolan

C
Pulo Jawa

D
Tengger

E
Ngastina
38





Menawa ditulis nganggo aksara latin dadi....

A
Katon Apik

B
Karton Cilik

C
Kartu Apik

D
Katon Cilik

E
Kabeh Cilik
39




Menawa ditulis nganggo aksara latin dadi…………

A
Pensil kobong.

B
Panci gosong.

C
Panci pesok

D
Panci kembang

E
Aci  gosong
40





Aksara angka iki menawa ditulis nganggo latin dadi...

A
1945

B
1946

C
1955

D
1965

E
1975

Jawaben seng jelas lan bener
41
Wacana pethilan teks drama
Srengengene nembe wae jumudul saka wetan Dhusun  Margoluwih wis geger . swara- swara pating clebung jumedhul saka lambene uwang –uwong .Gubug duweke Tarno ing pinggir sawah , diobong uwong . Embuh sapa sing ngobong , ora padha mangerteni .Gubug kuwi ya mung prasaja wae . Kaya gubug –gubug  ing sawah biyasane , saka pring , ukuran patang meter persegi . Mung  kanggo nunggu sawah , nalika pari –pari wis padha merkatag lan wiwit kuning Mung kanggo nggusah manuk – manuk emprit kang padha menclok ,arep ngurangi nalika panenan . Malah kabar kobonge gubuge Tarno  kuwi ,wis nyebar ana tlatah Desa Gemahripah. Sejatine mono kobonge gubug mung kadadeyan  biyasawae , nanging nalika gubugke Tarno  sing diobong , kuwi dadi istimewa.
Uwong – uwong dhusun Margoluwih padha Duwe pandakwa, lan ngembet ngembetake  kedadehan gubugeTarno diobong uwong kuwi , ora liya amargo Tarno Makaping  kaping ora gelem teko nalika diundang patemon ing  Balai Desa . Akeh uwong sing padha nyalahake Tarno Dene Tar   mono mung tetep kaya adat sabene nalikakrungu                uwong –uwong ing dhusune kayane nyalahake dheweke .   tetep biyasa. Ora ana kang kudu  digagas.

Apa sing njalari warga dhusun Margoluwih dadi geger?...
42
Jroning  pethilan cerkak ing dhuwur sing dadi  setting wektu , yaiku ...
43
Apa sebabe ing  atase mung gubug  biyasa wae sing kobong , wong –wong sadhusun kok padha  geger?...
44
Apa wae gunane gubuge Tarno lan gambarake kaya apa gubuge Tarno iku ?...
45
Apa sebabe gubuge Tarno kobong  miturut penafsiran penduduk  dhusun Margoluwih ?...


Share :
Location: Kencong, Jember Regency, East Java, Indonesia

0 comments:

Post a Comment

loading...

Advertising

 
close